Jumat, 16 Desember 2011

Geguritan (puisi moderen) Karya Yono HS

Sepi
yen aku dhong lungguhan
dheke kang dadi seksi
yen aku dhong miwir lintang
dheke iku kang ngancani
yen aku dhong takon werdine urip
dheke kang ngewangi ngudharai
yen aku dhong tak tik tak tik
dheweke ora lungsi ngguyoni
lan setia ngandhani terusna kang
menawa ana asile kena nggo tuku kotang
ora ana wong cubriya.
Semarang, 20 Mei 1996
(Pustaka Candra. Edisi 197 1996/1997)
Kalabendu
tak sengguh kala bathara wus lebur
kisas karo bathara wisnu duk ing nguni
nanging tibake kok ora
abad nuklir lan globalisasi kok ya kaya-kaya
anake kalabendu
jalaran sajake dhengah uwong during siap mecak
yen wus siaga ngono ya no problem
balik sing during kok ya kaya gantine kalabendu
apa jangkane kalatidha tukul meneh
mandi tenan sabdane R. Ng. Ronggawarsito
kapan-kapan wae kalabendu bisa tukul maneh
anggere titah nora waspada
lan mung nuruti hawa.
Semarang, 12 April 1994
(Pustaka Candra. Edisi 193 1996/1997)
Timbang Mbentoyong
timbang mbentoyong mikir butuh
ambok luwih becik sendhonan
sendhon mbalung geni ngono dol … dol
mbalung geni mas … mbok menawa
tahun iki mas … aku bisa
mbalung gheni mas … mbok menawa
tahun ngarep mas … aku mulya
mbalung geni dhik … mbok menawa
aku kowe dhik … ora rekasa
mbalung geni dhik … mbok menawa
globalisasai dhik ra gawe kuciwa
mboke kampret mas … mbok menawa
muga-muga kabeh titah kalis ing sambekala
oh hiya cocok-cocok
wis … wis mengko yen kelantur-lantur dhik
Semarang, 12 April 1994
(Pustaka Candra. Edisi 193 1996/1997)
Aja seneng ngumpetake dalan
dadi guru aja seneng ngumpetake dalan
dimen muride ndalan
dadi wong gedhe aja seneng ngumpetake dalan
dimen tembayatan ndalan
dadi dagang aja seneng ngumpetake dalan
dimen nora kepedhotan dalan
dadi wong taniaja ngumpetake dalan
dimen asile kena wareg dipangan
dadi panderek aja seneng ngumpetake dalan
mengko yen malah bingung tubrukan
dadi pepuntone atur
kabeh kabneh aja seneng ngumpetake dalan
mengkone mundhak kedrawasan
mudheng ra lurrr.
Semarang, 20 Mei 1996
(Pustaka Candra. Edisi 197 1996/1997)4
Timbang Mbentoyong
timbang mbentoyong mikir butuh
ambok luwih becik sendhonan
sendhon mbalung geni ngono dol … dol
mbalung geni mas … mbok menawa
tahun iki mas … aku bisa
mbalung gheni mas … mbok menawa
tahun ngarep mas … aku mulya
mbalung geni dhik … mbok menawa
aku kowe dhik … ora rekasa
mbalung geni dhik … mbok menawa
globalisasai dhik ra gawe kuciwa
mboke kampret mas … mbok menawa
muga-muga kabeh titah kalis ing sambekala
oh hiya cocok-cocok
wis … wis mengko yen kelantur-lantur dhik
Semarang, 12 April 1994
(Pustaka Candra. Edisi 193 1996/1997)
Ing kutha gedhe
Kabeh paraga dha nduweni lara bisu
Jalaran angger pethuk mung kaya semut
Onthak-anthuk thok
Ditakoni malah tudang-tuding
Kaya wong pancingen, apa ngene iki sing jenenge egois ki.
Semarang, 12 April 1994
(Pustaka Candra. Edisi 193 1996/1997)
16-12-2011
ibaliano noveembra

0 komentar:

Posting Komentar